Lintang gumebyar madhangi jagad
Subuh rina trontong-trontong
Warisané Ilahi
Bareng surya
Mripat peteng melèk
Sanguné amung mripat cetha wéla-wéla
Mapanné dunungé Gusti
Kasembah kasuyud
Mring genahé rasa
Tunggal nyawiji
Sing dadi pepesthi
Rong puluh cinacat nggawa mala
Didangu ora ana
Anané amung sonya
Mrih cethané wasis wicara
Papan sangkané dumadi
Bisa waluya ning Gusti
Sinembah suyud asor ning budi
Nyawiji tunggal Guru Sejati
Ki Jalatundha
April-Mei 2005
Browse » Home »
PITUTUR SEJATI
» SANGUNÉ WONG URIP
Sabtu, 13 Agustus 2011
SANGUNÉ WONG URIP
Langganan:
Posting Komentar (Atom)


0 komentar:
Posting Komentar