rss

Sabtu, 13 Agustus 2011

NJALUK TULUNG

Mangan sethithik
Muga-muga kasila
Sila-tumpang tangan-sendhakep
Nutupi babahan hawa sanga
Lila duksina
Mangertia marang lelakonmu
Banjur metu ginawé gancar
Siya-siya mbok menawa
Durung kadhung kepenthung
Siaga gaman ing garis
Lèhmu tilik siaga
Ngguyu-ngguyu metu tur cinawis
Mbukak dalan dadi siji
Mbengok sak rosamu
Mapan durung ana
Malah becik tiningalan
Ngalap berkahing Hyang Widhi
Sira darbé lelakon kandha-kandha
Bisa waluya slamet-widada



Ki Jalatundha
April-Mei 2005

0 komentar:


Posting Komentar