rss

Senin, 22 Agustus 2011

BULAN PURNAMA

Nggawa berkah
Senajan sampah nggawa padhang
Ginelar jagad dhuk ing uni
Rineksa jangkep
Ngguri papan padhang
Sang saya ndalu ginaris
Pepesthi ngabiyantara
Tundhuk prèntahé Hyang Widhi
Gaman landhep sak pirang-pirang
Ngidul paraning
Sanguha sapala niscaya
Dadi mulya sinambi ngaso





Ki Jalatundha
April-Mei 2005

0 komentar:


Posting Komentar