rss

Minggu, 21 Agustus 2011

PANUTAN

Sembah marang Kang Akarya Jagad
Papan sangkan-paran
Rineksa jalma sinandhing
Mbukak papan padhang
Mbanyu-mili tata-jalma
Sinuwun pangèstu dhuk ing uni
Pocap wali gawé sunyi
Ratu Adil ginaris ing uni
Suwita rasa sejatiné dhiri pribadi
Awatak satria piningit
Darbé lelakon pasrah
Mbiyantu urip panuntun
Sineksènan kadang papat
Awèh tetulung sapadha-padha
Nduwé lakon siji nggenah
Bèn sira netepi janji
Éling marang Gusti



Ki Jalatundha
April-Mei 2005

0 komentar:


Posting Komentar