Golèka sangu piyandel
Waras seger-séhat
Cumawis griyaloka
Ginanjar slamet sak pamitan
Rikala dhuk ing uni urung pepeg
Sanguha sepala amung sira
Lir gumanti nggenah pasrah-sumarah
Bisaha dadi mulya sapadha-padha
Jangkep klebu séta winasis
Sira darbé lelakon kenceng
Mburi séta landhepé wicara
Sanguha sepala bèn ora rumangsa
Diduga nduwé apa-apa
Bèn sira menenga siya-syia lunga
Njupuk ati sak kepel
Diréwangi pati
Waluya tumekèhing jati
Ki Jalatundha
April-Mei 2005
Langganan:
Posting Komentar (Atom)



0 komentar:
Posting Komentar