Sanguné ana
Mupus gedhang
Mangan banyu
Tali rasa
Sungguh ajaib
Meneng anteng
Siaga ing gegaman
Mandeng theleng
Aja mlirik
Ngguyu aji pamungkas
Séta padhang hawa
Tolak-balak metu
Aning cipta rumeksa
Ndilalah kebeneran
Dadia samya
Cadhas lintang gumebyar
Sang saya dangu mirip surya
Mbukak gawé pepadhang
Sinar cahya terang
Sineksènan Hyang Widhi
Garis katulis Girinata
Sungguh ajaib
Bèn ora wani samya lunga nggegirisi
Galak cetha wibawa angkasa
Ruh samubarang kalir
Pepeteng dadi pepadhang
Ngadeg laku-lakuné batin
Cinipta dadi siji owah brangah
Gusti sinandhing katon wéla-wéla
Jinangkung jagadé kasempyok ing uni
Ndilalah gemah-ripah loh-jinawi
Jengkar tapa-tapané brata
Saiyek-saéka praya
Diganjar wilujeng saklawasé
Ki Jalatundha
April-Mei 2005
Browse » Home »
PITUTUR SEJATI
» GOLÈK GAMAN LANDHEP
Sabtu, 13 Agustus 2011
GOLÈK GAMAN LANDHEP
Langganan:
Posting Komentar (Atom)


0 komentar:
Posting Komentar