rss

Sabtu, 13 Agustus 2011

GUSTI KANG AKARYA JAGAD

Bapa-biyung ana
Ning dalan golèk ratan padhang
Sanguné beras-kencur
Bumbu masak sak pèrangan
Dadiya umuk aja nganti
Ning ndalan akèh ketiwasan
Jaga rimuk telatén
Wis bisa njajagi
Welas-asih ra kurang-kurang
Mbengok sethithik malah rosa
Bèn ginanjar waluya slamet
Saya suwé saya rosa
Nduwé papan sak enggon-enggon
Mrih beciké kahanan
Mumpung ginanjar berkah


Ki Jalatundha
April-Mei 2005

0 komentar:


Posting Komentar