rss

Senin, 22 Agustus 2011

NYINGKIRKÉ PENYAKIT

Welas-asih ana
Mripat peteng ndeleng methentheng
Ginanjar sak jroné Urip
Waskithakna ndeleng urupé surya
Waskhita paningal gembleng
Cahya cumlorot gedhé
Ning tengah aja pati-pati melèh
Sedhèla mapan tangan-sendhakep
Rina bisané waluya
Rèhning janji papan setiti
Guyu latah-latah anggraina
Mesthi pepes jagadé rina
Metu ngguyu layu sak kedhèpan
Mrih susila anggrayang wisma
Celathu sarèh wèhna kandha
Setya budi lampah ira
Ning-neng cukup





Ki Jalatundha
April-Mei 2005

0 komentar:


Posting Komentar