rss

Senin, 22 Agustus 2011

KÉBLAT PAPAT LIMA PANCER

Sanguné wong urip pitu cacahé
Sing siji temen ya kuwi ati
Bareng siji dadi telu
Mawas dhiri sak enggon-enggon
Tumuju marang Gusti sinau berkah
Landhepé wicara amung sira
Dudu sanak dudu kadang
Padhangé jagad rina
Melèk byar lor-wètan kidul-kulon
Netepi janji dhuk ing uni
Mripat mrapat
Sih ganti sengara
Lali sanak-kadang
Siku-denda ra wis-uwis
Tali digawa mati
Sanguné pepati
Sinembah ingsun
Nggawa berkahing Gusti
Ginanjar slamet sak lawasipun
Dudu sétan
Kedhung jero segara amba
Lir gumanti jinangkep
Perlu kadang papat brubah
Kembang setaman sak enggon-enggon





Ki Jalatundha
April-Mei 2005

0 komentar:


Posting Komentar