rss

Sabtu, 13 Agustus 2011

P R I H A T I N

Samangsa ana lelakon
Kudu wasis ing uni
Mapan kebeneran
Dalan sing ana becik
Kudu ndangu Urip
Sing dadi bener-becik
Lakonana mripat merem aja obah
Lali sapa-sapa amung sira
Golèk pati ninggal geni
Solèh ati bener-luput dadi siji,
Nganti tumeka pati amung siji
Gelem ora gelem wani
Bacutké karebèn ati dadi siji
Becik nganti semèdi nunggal yayah
Katrima awujud tengara alus
Timbang susah mbengok sak rosamu
Apa-apa ana bali sangkan
Kalebu sira ndarbéni becik
Siaga gaman landhepé pitutur
Ngaji sak lawasé
Mbiyantu budi
Ngresula rong pekara
Mburi sangkan-paran
Jer basuki mawa bèa
Cilaka ora ana
Marahi birahi ing Urip
Sapta dhendha misuwur
Tuntut waris warising Gusti
Nggenah papah lumintu dhawuhé
Antep siaga gegaman ing pamrih
Amung sira lelakoné
Ngudi beja-bejané Jawata
Sumrambah ing ngarsa ngarcapada
Sumebyak banyuné nggegirisi
Tandang gawé
Bungah-susah teka dhéwé
Ginanjar wilujeng saklawasé



Ki Jalatundha
April-Mei 2005


0 komentar:


Posting Komentar