rss

Sabtu, 13 Agustus 2011

DALANÉ PATI

Rong puluh ilang musna
Kari siji ya kuwi Sejati
Papan ana nggenah pasrah
Mburi saka ngendi
Darbé sunyi
Mulang-muruk ora ana
Sing ana pati dadi siji Gusti
Manembah rina-wengi
Rasa ana dadi siji
Byar-byar gumebyar
Sanguné ngaurip ditata nggenah
Wanciné tinemu marang Gustiné
Darbé lelakon sunyi
Sing mesthi ngono bèn ora wurung
Sipat kandel ora ana
Anané amung séta
Baliné nggawa sunyi
Tandhané beja abadi



Ki Jalatundha
April-Mei 2005

0 komentar:


Posting Komentar