rss

Senin, 22 Agustus 2011

GOLÈK DONYA

Sapa-sapa isa
Mrih beciké setiti
Aja ngguyu ora tinemu
Munthak-manthuk saguh
Mripat peteng njalari rasa seneng
Munggah sapisan kena dadi
Dhahar mapan nggenah
Sanguné sithik percaya
Wis bakal èntuk gawé
Munia
Cangkem meneng awèh pekara
Sang saya dangu saya laris
Simbah pirsa nggenah
Wong golèk gawé kudu prasaja
Rikala samana ana
Dipupus manteb lir sambikala
Bola-bali sinau maca percaya
Nggenah pasrah-sumarah
Ésuk-énjing manjing ginawé slamet rejekiné



Ki Jalatundha
April-Mei 2005

0 komentar:


Posting Komentar